*Surat saka Kuburan Kauman kanggo Prof. Taufiqurrohman*

 

Atmo Tan Sidiq penulis puisi

*Surat saka Kuburan Kauman kanggo Prof. Taufiqurrohman*

Daning: Atmo Tan Sidik 


Nang ... ning ... nung ... neng ... nang ...

Dina Jemuah paing

Ana pitutur bening

Tanggal 14 Februari

Sesanti saka Kyai Syahuri:

"Yen ilmu kudu dilakoni, 

Laku kudu diilmuni"


Tanggal 2 Mei 

Wis dicandrani

Kowen lair saka mane Soeedi

Nyong bapakmu Muhammad Syahuri

Wanti-wanti aja melu wolak-walik lakune wong munafik 

Kowen kudu istiqomah, Topik:

"Aja liren dadi wong apik"


Poma aja mung jarkoni

Eling, kowen saka kulon Kali Pemali

Gandulana waton sing kenceng 

Tetep andap asor 

Senajan saiki nyandang 'Profesor' 


Ora usah minder asale saka desa, 

Kaya pring: bambu, 

Maunen disepelekna,

Saiki duwe wibawa 

Bisa ngrajeg segara

Kowen ya kudu bisa

Gawe jejege hukum tata negara


Dosen UIN Saizu yang membacakan syair puisinya


Comments